Geguritan

Catatan Buku Tulis Bahasa Jawa - Ria Dyan Rahayu

Geguritan yaiku uren-uren utawa karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan lan guru lagu ora ajeg. Geguritan utawa puisi kapirang dadi loro, yaiku :
  1. Tradisional utawa lawas, yaiku geguritan sing sajroning nduweni paugeran-paugeran geguritan lan basane rinengga. 
  2. Modern utawa anyar, yaiku geguritan sing ora kaiket paugeran utawa bebas. 
Tuladhane Geguritan :
STIP
dening Ria Dyan Rahayu
Prit ... prit ... prit ...
Swara burung ngremaeake esuk iki
Bla ... bla ... bla ...
Swara saguyup ngerameake kelas iki
Wayah esuk sing trep ning ati lan pikiran
Nalika aku ndelok awakmu
Aku langsung tresna nang awakmu
Wujudmu sing aduhai
Wernamu sing fantastis
Gawe awakku seneng saben dinane

Oh stip ...
Kembang atiku
Lentera uripku
Jarake musisi karo lagune
Jarake pelukis karo kuase
Jarake punjangga karo puisine
Aku mung tresna karo awakmu

Awakmu sing ngancani aku
Awakmu sing mbusak tulisan elekku
Ibarat awakmu iku
Sing bisa mbusak angin gedhe lan mega mendhung
Ing wayah wengi gemita
Stip ...
Matur suwun

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wawancara tentang "Ibadah Haji"

Cara Cepat Mencari Temperatur (suhu) dan Cara Mudah Menghafalnya

Qygo lan Byrox