Masyarakat lan Budaya Jawa

Catatan Buku Tulis Bahasa Jawa - Ria Dyan Rahayu

Masyarakat Jawa yaiku sakumpulane manungsa sing nduweni sesrawungan panggonan tartamtu.
Masyarakat iku kapilar dadi 3 :
  1. Masyarakat Tradisional
  2. Masyarakat Madya
  3. Masyarakat Modern
Ciri-ciri Masyarakat Tradisional
  1. Sesambungan karo kaluwarga lan masyarakat tetep raket.
  2. Adat istiadate isih tetep dilakoni lan ora kabuka karo budaya jaba.
  3. Pikire isih sederhana lan ana sing isih kapercayan ghaib.
  4. Pawiyatane ora kanthi formal nalika mung ana sing digawe kumpul.
  5. Masyarakate ana sing bisa maca lan sing ora bisa maca.
  6. Masyarakate isih tetep mbudi daya hukum kang ora tinulis.
  7. Ekonomi masyarakate ana sing kritis lan ana sing apik.
  8. Gotong royong ditindhake sapa bae.
Ciri-ciri Masyarakat Madya
  1. Sesambungan karo kaluwarga tetep raket dene karo masyarakat ora.
  2. Adat istiadate isih dilakoni nanging wiwit kabuka karo pengaruh jaba.
  3. Pikir kanti realitis banjur kaprcayan ghaib bisa tuwoh maneh nalika manungsa ora bisa ngrampungna pekarane.
  4. Tuwoh anane pawiyatan kanthi formal.
  5. Akeh wong sing bisa maca.
  6. Hukum kanthi tinulis wiwit ngengkuyung hukum kang ora tinulis.
  7. Ekonomi masyarakat menehi kalodhangan luwih gedhe kanggo produk pasar.
  8. Gotong royong namung ditindhake ing kaluwarga lan tangga cedhak wae.
Ciri-ciri Masyarakat Modern
  1. Sesambungan karo kaluwarga lan masyarakat ora raket.
  2. Adat istiadate ilang utawa ora maneh dilakoni amarga luwih ing budaya jaba.
  3. Mikire wis realitis lan ora pada percaya benda-benda ghaib.
  4. Akeh anane pawiyatan sing formal banget.
  5. Akeh wong sing bisa maca lan nulis.
  6. Hukum tinulis isih awet utawa dilakoni utawa berlaku namung isih ana titik hukum sing ora tinulis.
  7. Ekonomi masyarakat wis maju-maju mangkane akeh wong sing nduweni dhuwit akeh.
  8. Gotong royong mung kapeksan amarga akeh masyarakat sing isih nduweni sifat individualisme.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wawancara tentang "Ibadah Haji"

Cara Cepat Mencari Temperatur (suhu) dan Cara Mudah Menghafalnya

Qygo lan Byrox