Qygo lan Byrox



dening Ria Dyan Rahayu

“Sugeng enjing.” Sapaku marang kancaku karo mlaku ing sajroning koridor kampus. Suasana esuk lan adem menika gawe awakku semangat nglakoni urip sing wis 16 taun karo rupa elekku, mripat wuta lan loro tanganku sing wis ora ana pas aku lair. Lan siji sikilku kepeksa diamputasi amarga aku ora ati-ati nyetir sepeda anyarku. Nanging, aku ora kerasa yen awakku ora kaya menika. Rasane aku isih nduweni rupa sing apik, tangan loro lengkap lan ora cacat sikil. Rasa iki timbul amarga aku nduweni kekuatan bathin sing beda karo manungsa liyane. Nanging, manungsa ora bisa weruh kekuatanku. Kung crita yen kekuatan iki asale pas aku dilairno saka ibukku sing nduweni keturunan getih Qygo. Getih sing lengket ing awake ibukku kuwi uga gawe bapakku seda nalika bapak ora sengaja mbukak kedoke ibukku.
“Pas ibumu nglairno awakmu, ibumu crita yen awakmu kudu tetep urip nanging ibumu kudu ngrelakno uripe. Iku wis dadi turun temurun ing silsilah keluargane ibumu.”
“Dadi Kung uga keturunan kaya ibukku?”
“Ora le, aku iki mung nemokake ibumu sing isih cilik ing sajroning pring.”
“Apa bisa, Kung nemokake ibu ing sajroning pring?”
“Wektu iku, Kung tindhak ing sawah. Dumadakan Kung persa ana wit pring sing mencorong. Kung pengen weruh, merga kuwi Kung negor wit pring iku. Teka kuwi, Kung weruh ibumu.”
Crita kuwi terus dadi pawelinganku ngenani sapa aku. Aku isih mlaku muteri latare kampus sing amba. Bisa dakdhelok lan dakhitung manungsa sing lalu lalang gawe bathinku. Samerbak wangi kanca-kancaku uga bisa dakrasakake ing sajroning irungku.
Dumadakan getih seger metu saka irungku,  swara alus uga nguwasani pikiran lan atiku, swara iki mutusake mlakuku. Aku ora bisa ngatur awakku dhewe saben aku oleh swara alus kaya menika amarga aku kerep ngalami kekuatan trans. Kekuatan iku saiki gambarake ana cah wadon ayu sing digoda loro pawongan preman. Cah wadon kuwi weruh apa sing arep dikarepake. Merga kuwi, dheweke nyekel tase kanthi kenceng. Loro pawongan preman kuwi gregeten nalika ora bisa njupuk dhuwite. Akhire, dheweke ngetokake senjata landhep. Saka ngarsane kuwi, aku banjur mlayu kaya neraka.
Ora butuh wektu kang dawa, aku wis tekan ing kana. Nalika aku dheleng yen senjata landhep kuwi arep ngeneki leher cah wadon sing keweden. Langsung dakpukul ing perut lan irunge. Loro pawongan preman kuwi langsung mlayu kecirit-cirit karo nyekeli irunge sing metu getih seger. Cah wadon ayu ing pinggirku dumadakan mlaku nyedheki aku, aku mung heran. Bar iki ana wong sing nyedheki aku nalika wis daktulung. Dheweke dheleng mripatku suwe, kiwa tengen ora ana bedane. Dheweke mung mesem nalika ninggal awakku, ora  ana satitik ukara sing tak enteni, matur suwun.
“Ati-ati mbak, daerah iki rawan sanget.” Pawelingku marang dheweke nalika awake wis adoh saka awakku.
Aku mung bisa mesem amarga kedadean iki wis dadi pangananku saben dina nalika aku nyelametake wong sing kang kangelan utawa mbutuhake pitulungan. Nanging, aku kadang ngerasa yen kelakuanku sing dakpikir iki apik ora bisa gawe manungsa ngucapake loro tembung sing sukar banget ditemoake ing jaman saiki, yaiku matur suwun. Mung sakepel manungsa bisa ngucapake loro tembung menika.
Aku mbalik ing kampus lan melbu kelase pak Ivan. Ora suwe, swara bel kepireng ing kupingku. Aku banjur nyiapake buku matematika ing dhuwure mejaku. Aku seneng kuliah ing kene amarga dosen-dosen ing kene akeh sing wis nrima aku apa anane, beda karo kanca-kancaku.
“Arek-arek, awakmu dina iki nduweni kanca anyar asale saka Banyuwangi. Jenenge Nuni.” Sambutane Pak Ivan sakdurunge diwiwiti. “Awakmu lungguh ing sampinge Pandu ya, Nduk.” Dhawuhe Pak Ivan marang Nuni.
Aku weruh wajah kuwi, wajah ayu sing esuk mau wis daktulung. Jenenge Nuni, lulusan D3 Matematika sing arep nerusno kuliahe ing kampusku. Dheweke mlaku nyedheki aku lan lungguh ing sampingku.
Wis siji semester aku isih lungguh dhewekan, ora ana kanca sing gelem lungguh karo aku. Aku mung bathin, apa salahku marang arek-arek. Yen kanca-kancaku lagi kangelan, aku mesti nulung. Nanging, kabehe isih ngadhohi aku. Mung sakgelintir kancaku sing arep kekancan karo aku.
Bel istirahat muni, aku ngajak  Nuni ing kantin. Rasane aku nduweni kanca maneh ing kene. Ing kantin, aku banjur njeit-njerit  yen aku wis nulungi Nuni. Rasane aku seneng sanget, amarga rasa sing tak pendem ket mau esuk wis daktokno. Kebiasaan iki wis dadi sakben dinaku. Dumadakan swasana ing Kantin adhem ayem. Dakkiro swasanane dadi seneng sakwise aku njerit. Aku langsung meneng, nanging aku tetep seneng. Aku ora peduli menawa swasana iki, aku banjur njupuk sendok lan mangan bareng Nuni. Nuni ing ngarepku mung ndheleng awakku. Rasane ana kekuatan sing disalurake marang aku, nanging aku ora bisa nebak apa kuwi.
Nuni gawe awakku semangat kuliah, dheweke mesti ngekeki dukungan nalika aku sedih. Wis rong wulan aku lan Nuni bareng, dheweke wis dakanggep sahabatku. Dheweke ora isin yen kekancan karo aku, sanajan dheweke diilokno kanca-kancaku. Dheweke uga ora nakoni kekuatanku. Rasane ing dunya iki mung Nuni lan Kung sing aku nduweni.
Petang taun kelakon, aku isih kekancan karo Nuni. Saiki, aku lan Nuni wis lulus sarjana siji. Dheweke pingin ngerayakake lulusan kita ing Banyuwangi, kuta laire. Sakwise teka kana, aku lan Kung disambut apik dening keluargane. Swasana omahe gawe ati lan pikiranku adem ayem. Rasane aku wis kenal suwe dening swasana ing keluarga iki. Saben aku mersani bapak lan ibukke, kaya ana sinar sing mencorong saka awakke. Aku mung bathin wae, pikiran kuwi kudu dakilangake.  
Sakwise panganan mari, kita banjur ngumet kembang api. Bengi iki dadi moment sing penting.  Aku lan Nuni pada gawe pengarepan ing saklembar kertas. Sakbanjure, kertas iku dakikat ing lampion. Lampion iki bakal ngalir ngetutake hilire kali. Dumadakan, kekuatan trans muncul maneh, ceceran getih alon-alon metu saka irungku, yen menika masalah sing dakadepi yaiku masalah sing penting sanget gawe awakku. Kekuatan iki gambarake yen Nuni bakal ninggali awakku, dheweke pamit marang aku yen arep menyang Jambi. Nuni pesen yen dheweke bakal balik suwe dadi aku kudu kuat ngadhepi urip dhewekan maneh. Dheweke ngomong yen sawektu dheweke budal, awakku bakal dipateni karo wong sing bakal nguasai dunya iki. Ana tembung sing ora tau aku weruh, ‘getih byrox’.
Kekuatan iki gawe awakku tangi, sakcepete aku langsung nggoleki Nuni, rasane aku bakal mati yen Nuni dadi ninggali awakku. Aku ora bisa bayangake yen kedadean 4 taun kepungkur bakal balek maneh. Kung ing sampingku mung bisa meluk awakku. Kung ngendika yen aku kudu siap. Siap? Apa maksud ngendikane Kung menika? Aku ora bisa mangerteni? Apa ana kaitane karo kekuatan transku mau? Aku mung mangguk-mangguk mangsuli ngendikane Kung.
Wis seminggu, aku ora karo Nuni, rasane saiki mung Kung sing dakduweni. Aku dhewekan maneh. Kekuatan trans iku muncul maneh ing pikiranku, gambarake yen ana wong telu gede dhuwur arep mbunuh ibu-ibu sing lagi meteng. Aku banjur mlayu kaya biasane, tongkatku mlaku cepet ing semen trotoar.  Dumadakan pas aku nyebrang ana sedan putih nabrak aku, banter banget. Aku langsung mencolot  adoh, kanthi sirah mburiku ngeneki trotoar. Aku ora bisa ndheleng awakku kaya yak apa. Rasane dunya sing dakdheleng iki wis peteng. Bebarengan kekuatan trans sing ngambarake yen ana wong sing mripate ireng bakal nemokake aku.
Aku melek, sing dakrasake bedha. Tembok sing dakenggoni warnane putih kabeh. Aku ndheleng Kung ing sampingku, dheweke nangis. Dumadakan, Kung dheleng aku, rasa khawatir bisa dakwaca.
“Kung, aja khawatir. Aku ora apa-apa, Kung. Aku isih kuat, Kung.”
“Le, awakmu aja ngapusi karo Kung. Kung ngerti awakmu lemes, amarga darah qygo kaya awakmu yen ngalami pendarahan, bakalan lemes. Kung weruh nalika Ibumu nglairno awakmu. Kekuatan sing uga kokduweni alon-alon bakal ilang, Le. Kung ngerasa yen awakmu bakal ngadepi kadurjanan sing gedhe. Nanging Kung ora ngerti apa kuwi, Kung mung bisa ngerasake.”
Aku mireng ngendikane Kung alon-alon. Bener ngendikane Kung, aku pancene lara. Dumadakan, kekuatan trans sing ora kebak muncul maneh. Getih ing irungku metu banter sanget. Kekuatan iku ngambarake ana wong sing seneng sanget amarga weruh panggonanku, wong iku banjur njerit ‘AKU SING NDUWENI GETIH BYROX, BAKAL MATENI AWAKMU LAN AKU BAKAL NGUWASAI DUNYA IKI, AKU WIS NGENTENI KATON SUWE. WIS 20 TAUN, AKU ORA BISA NEMUKNO PANGGONANMU, AMARGA KEKUATANMU SING ISIH ANA ING AWAKMU, ENTENONO AKU ING WEKTU TERAKHIR KEMATIANMU.’
Kekuatan iku dumadakan leren nalika Kung nyekeli tanganku. Kung ngendika yen aku bakalan ora slamet, amarga getih sing dakduweni ora ana gantine. Aku mung mesem nalika mireng ngendikane Kung.
“Sepurane ya, Le. Kung ora bisa ngewangi awakmu. Kung mung bisa dunga supaya awakmu bakal slamet, sanajan ora ana carane.”
“Kung, aku seneng Kung mesti ana ing sampingku, amarga Kung sabar ngrawat aku. Matur suwun ya, Kung.”
Mung iku sing bisa dakucapake marang Kung. Kekuatanku alon-alon ilang, aku bisa ngerasake iku. Dumadakan ana wong sing gubrak pintu, banter banget. Aku bisa ngrungokake swarane, sanajan awakku tambah lemes. Aku ngerasa yen ragaku ora bisa dakkendalikno. Alon-alon pancaindraku sing abstrak ilang, nanging aku isih bisa ngunakake titik-titik. Aku bisa ndheleng wong iku, wong iku mirip karo wong sing sajroning kekuatan transku. Dheweke ndheleng awakku karo muring-muring, sing diucapake persis karo sing ana ing kekuatan transku. Aku mung mesem, dene Kung keweden. Kung nyekeli tanganku kenceng-kenceng. Kaya ora tega ninggali awakku dhewekan. “Sing kuat, Le.” Ukara iku sing terus dakpikirake. Aku kudu kuat nglawan kadurjanan iki. Aku ora bisa yen dunya iki dikwasai marang wong sing nduweni getih byrox, getih sing jahat lan pingin nguwasai dunya iki dhewekan.
Aku mung pasrah nalika cakram sing ditukno dening wong byrox iki arep ngeneki atiku. Nanging, dumadakan ana wong akeh arupa bayang-bayang. Aku ngerasa yen kekuatan iki menehi aku kekuatan anyar sing apik. Aku kaget nalika ana Nuni sing mimpin bayang-bayang iku. Apa Nuni weruh kekuatanku? Geneya dheweke nggawa bayangane wong? Aku kenal banget bayang-bayang sapa wae, bayang-bayang kuwi ora liya bayangane wong sing wis daktulung. Nuni nyedheki aku. Aku bingung, Nuni ora wedhi karo wong byrox ing ngarepku. Aku ngerasa ana tangan sing nggawa kekuatan supernatural ing dhuwure atiku. Aku bisa ndheleng yen iku tangane Nuni. Aku kaget, apa Nuni nduweni kekuatan? Aku mung bisa bathin wae.
“Pandu, aku nyuwun ngapura. Aku ora bisa crita menawa kekuatan sing dakmiliki lan keweruhanku ngenani kekuatanmu. Aku weruh nalika aku koktulung lan ndheleng awakmu saka mripatmu.  Saka mripatmu kuwi, aku bisa ndheleng apa wae sing wis lan kape kokadepi. Aku seneng kenal awakmu.  Ora apa-apa yen awakmu nduweni rasa seneng nulung wong gawe kekuatanmu. Nanging aja ngarasa yen awakmu wae sing bisa nulung wong liya. Aja dumeh marang apa sing awakmu lakoni. Amarga kadumehan iku nggawa barang sing ala gawe awakmu. Aku nggawa bayang-bayang iki amarga sejatine wong-wong sing koktulungi pingin ngucapake matur suwun marang awakmu, nanging awakmu mesti dumeh nalika wis nulung. Kadumehan iku sing gawe awakmu ora disenengi wong akeh.”
Dakpikir-pikir, apa sing diomongake Nuni ana benere. Dumadakan awakku dadi kuat maneh, nanging kekuatakanku saya ilang.
“Aja khawatir yen kekuatan ing awakmu ilang. Amarga iku sing apik gawe awakmu. Awakmu tetep bisa ngewangi wong karo kekuatan sing apa anake ing awakmu.”
Ragaku saya kuat lan cakram sing arep ngeneki atiku mbalik ing arah wong byrox. Wong byrox ora bisa nglerenake lajune cakrame dhewe, merga kuwi cakram iku binasake awake dhewe. Wong byrox iku akhire mati.
***

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wawancara tentang "Ibadah Haji"

Cara Cepat Mencari Temperatur (suhu) dan Cara Mudah Menghafalnya