Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2016

Qygo lan Byrox

dening Ria Dyan Rahayu “Sugeng enjing.” Sapaku marang kancaku karo mlaku ing sajroning koridor kampus. Suasana esuk lan adem menika gawe awakku semangat nglakoni urip sing wis 16 taun karo rupa elekku, mripat wuta lan loro tanganku sing wis ora ana pas aku lair. Lan siji sikilku kepeksa diamputasi amarga aku ora ati-ati nyetir sepeda anyarku. Nanging, aku ora kerasa yen awakku ora kaya menika. Rasane aku isih nduweni rupa sing apik, tangan loro lengkap lan ora cacat sikil. Rasa iki timbul amarga aku nduweni kekuatan bathin sing beda karo manungsa liyane. Nanging, manungsa ora bisa weruh kekuatanku. Kung crita yen kekuatan iki asale pas aku dilairno saka ibukku sing nduweni keturunan getih Qygo. Getih sing lengket ing awake ibukku kuwi uga gawe bapakku seda nalika bapak ora sengaja mbukak kedoke ibukku. “Pas ibumu nglairno awakmu, ibumu crita yen awakmu kudu tetep urip nanging ibumu kudu ngrelakno uripe. Iku wis dadi turun temurun ing silsilah keluargane ibumu.” “Dadi Ku